Sidebar ADS

DADI WONG LANANG KUDU WANI TENAN

Dadi wong lanang kudune waninan ora isinan tur kudune siap ngadepi risiko. Terutama sing jomblooo
  
Wong wedok kui trah e isinan. Gaono ceritane wong wedok kui ngungkapno rosone ndisik. Ehh ralat yo rekk.. ono sih wong wedok sing ngungkapno rosone ndisik tapi minoritas dudu mayoritas. Paham kaan.

Saiki lek awakmu pengen ndue pasangan, yo usaha ojo gur dungo tok. Lek dungo tok ora bakal jodohmu tibo teko nduwur genteng. Ehhh iso ae ding, lek jodohmu pas dolanan genteng ng omahmu terus tibo ketepokk. Ceblokk 

Wong kui ora ngerti jodohe karo sopo, kapan tekone, nemu ne ng ndi. Ahh yo ngunuiku rek. 

Lek njenengan ser tenanan karo arek ngomongo. Ojo gur dipendem. Sopo ngerti arek e yo podo ae ser karo njenengan kann. 

Arep diarani garangan yo gaopo. Kui risiko ne dadi arek lanang. Tp eling kui gur omongan menungso. Diomongi garangan opo boyo emang bakal krowak awakmu? Ora kann. Tetep nekat o rek. 

Terus dadi wong lanang kui kudune waninan ora isinan. Mergo wong wedok kui egone luweh duwur timbang wong lanang. 
Dadi wong lanang kudune iso ngimbangi wong wedok mou. 

---------
-Pesenku kanggo wong lanang "semangatttt ancen urip yo ngeneiki :v "

-Pesenku kanggo wong wedok "nek ora niat tenanan ojo ngelarani"

Posting Komentar

Beri masukan dan tanggapan Anda tentang artikel ini secara bijak.

Lebih baru Lebih lama
Sidebar ADS
Sidebar ADS
Sidebar ADS