Sidebar ADS

YEN DURUNG SIAP RABI OJO KESUSU RABI MERGONE TRESNO NIKU LARANG REGONE

🪴🕌 ﷻبسم الله الرحمن الرحيمﷻ  🕌🪴 

Dudu omah'e sing larang, ugi dudu rupone
lan dudu mobil'e, motor'e, clonone, kaos'e, klambine, kalung'e, gelang'e,wedak pupur'e utowo scinker'e, sepatune, sandhal'e lan sak penunggalane..., 

Sing larang yoiku tresno iku dewe, 
Tiwas gawe pesta resepsi Nganti geden-Gedenen, ragat'e podo karo biaya pilkada utowo nyalon lurah hehe, nek nalar lan rosone durung iso mangerteni ajine tresno lan durung iso ngerteni maknane nikahan, mestine angel anggone gayuh langgeng lestarine bebrayan...

Kanggo wanito sing durung biso 
utowo ora wani nentok ake sopo jodhone, ora iso mapakake lungguh'e dewe,
iseh durung siap lan iseh seneng dolanan sing ora jelas tujuanne, iseh sering tebar pesona nek Facebook utowo nek status WA ben supoyo entok pangalem utowo pujian lan iseh seneng mbalesi inbox
lan chat WA sing ora penting utowo sing tujuane mung kepengen di elem ayu, Eman-eman ayune pasuryanmu, eling'o bojomu sing berjuang golek sandang pangan di rewangi panas panasan lan adus kringet ...

المودة بين شخصين إلا ثلاث ؛
كثرة الخطأ، وكثرة الكذب، وقلة الاهتمام . 

Tiga hal yang menghancurkan kasih sayang antara dua insan: sering berbuat kesalahan, banyak berbohong, dan kurang perhatian.

Ugo kanggo poro joko utowo dudo ugi 
sing ngaku lanang tenan, Wong lanang 
iku ora kudu kulite putih, ora kudu irung'e mbangir utowo mancung, Nanging sing sembodo, ojo mung gampang ngiler nyawang dhadha nyengkir gadhing lan Gampang ngowoh nek weruh bokong satebok gedhene, LAN ugi Gampang kondho tresno marang wanito jebulane mung pengin ngrasakake turu bareng sedino rung dino banjur pengine ganti 
karo wong wedok liyone maneh, Ngisin-isini banget dadi wong lanang lan kirang prayogi nek piantun kakung kados mekaten, elingo bojomu sing paling setia ngenteni balimu mas hehe... 

من بات في طلب الحلال اصبح مغفوراله 
Barang siapa sampai larut malam 
mencari yang halal, maka paginya ia 
telah di ampuni dosanya.


Tresno iku larang, Nek awak'e dewe 
ora ngerti ajine, bakal'e gur mung arep gawe wirang'e awake dewe lan ugi teng keluargane, Mugi kito sedoyo saget nglaras lan saget eling marang opo sing kirang prayogi supados kulo lan panjenengan saget ngelampai laku kanti ati-ati....

لا يدخل الجنة لحم نبت من السحت اي من الحرام والنار اولى به 

Takkan masuk surga daging yang tumbuh dari kekejian, yakni dari barang haram, dan nerakalah yang paling tepat untuknya 
( مكاشفة القلوب)

Wallohu aklamu bissowab....

Setajam2nya pisau lebih tajam perkataan dan umpatan yg menyayat hati ✨qsantri.eu.org✨

إرسال تعليق

Beri masukan dan tanggapan Anda tentang artikel ini secara bijak.

أحدث أقدم
Sidebar ADS
Sidebar ADS
Sidebar ADS